Skip to main content

Featured Post

Profil Rahma Huda Putranto

Rahma Huda Putranto, S.Pd., M.Pd.  adalah Duta Baca Kabupaten Magelang yang   lahir di Magelang, pada tahun 1992, lulus dengan predikat cumlaude dari Jurusan S-1 Pendidikan Guru Sekolah Dasar Universitas Negeri Semarang tahun 2014. Pernah menempuh Program Magister Manajemen Pendidikan di Universitas Ahmad Dahlan Yogyakarta. Selain itu, gelar magister bidang pendidikannya juga diperoleh melalui Program Magister Manajemen Pendidikan di Universitas Negeri Yogyakarta. Penulis pernah bekerja sebagai guru di SD Muhammadiyah Borobudur. Kemudian mendapat penempatan di SDN Giripurno 2 Kecamatan Borobudur sebagai Pegawai Negeri Sipil. Terhitung mulai tanggal 1 Maret 2018 mendapat tugas baru di SD Negeri Borobudur 1. Alamat tempat tinggal penulis berada di dusun Jayan RT 02 RW 01, Desa Borobudur, Kecamatan Borobudur, Kabupaten Magelang, Provinsi Jawa Tengah. Selain itu, penulis dapat dihubungi melalui email r_huda_p@yahoo.co.id. Penulis pernah mengikuti program Latihan Mengajar di Uni

Atur Pambagyaharja Sederhana Mudah Diingat

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Alhamdulillah hirabbil 'alamin
Asyhadu Alla illa hailallah
WaasyhaduannaMuhammadarrasulullah
Allahumma Sholi'ala Muhammad wa Ala 'Ali Muhammad
Amma Ba'du.

Para sesepuh, pini sepuh, saha alim ulama ingkang satuhu kinabekten
Para pangemban pangembating praja satrianing nagari ingkang pantes sinudarsana.
Bapa Yamto sakaluarga tiyang ingkah hamengkugati,
Bapa Komarudin sapendherek saking Wonosobo,
Sagung para tamu, kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.

Sumangga kita tansah angunjuaken raos puja puji lan syukur wonten Ngarsa Dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufiq, hidayah, saha inayah dumateng kula lan panjenengan sami. Satemah saged kempal manunggal wonten dalemipun bapa Yamto kanthi wilujeng, widodo, ancas ing sambikala.

Shalawat ugi salam mugi-mugi tansah kaparingaken dumateng Nabi Ageng Muhammad SAW, Nabi ingkang dados "suri tauladan" dumateng kula lan panjenengan sami.

Para Bapak-Ibu, kula Rahma Huda Putranto cumanthaka lumarap atur anggempil kamardikaning suwasana bilih wonten ing siang menika Bapa Yamto sakaluarga paring dawuh dumateng kawula kinen dados talanging atur wonten adicara atur Pambagyaharja.

Pramila, Bapa Yamto ingkang sapisan ngaturaken pambagya sugeng rawuh. Saha ngaturaken agenging panuwun awit rawuhipun bapa lan ibu sedaya.

Bapa Yamto sakaluarga wonten ing dinten punika ngaturi rawuh panjenengan sedaya nun inggih amargi badhe nyuwun tambahing doa lan pangestu. Bilih wonten ing dinten punika Bapa Yamto sakaluarga nembe hanetepi dharmaning tiyang sepuh, malakramaaken saha mahargya putra-putrinipun ingkang asesilih Rara Ayu Nita Puspita Sari ingkang dipundhaupaken kaliyan Nak Mas Bagus Fathan ingkang ki dalem wonten ing Wonosobo.

Para bapak saha ibu bilih akad nikahipun temanten sarimbit sampun lumaksana kala wau tabuh wolu wekdal nuswantara.

Sapindah malih, Bapa Yamto sakaluarga estu nyuwun tambahing pandonga. Mugi-mugi risang temanten sarimbit saged dados keluarga ingkang Sakinah, Mawaddah, Warahmah. Amin, Amin Ya Rabbalalamin.

Ingkang pungkasan, bapa Yamto sakaluarga nyuwun pangapunten bilih anggenipun paring palenggahan, pasugatan, saha nanggepi rawuh para tamu dereng saged dadosaken suka renaning penggalih bapak-ibu sedaya.

Punika ingkang saged kawula aturaken, 94 punjul enem, menawi lepat nyuwun ngapunten.

Nuwun matur nuwun,
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh!

Comments

Post a Comment

Baca Juga